Kidung nyuwuk laré nangis

ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦡꦷꦁꦱꦼꦏꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦶꦤꦫ꧀ꦪꦾꦴꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦱꦶꦮꦶ꧈ ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦭꦫꦺꦤꦶꦫ꧈ꦭꦺꦭꦭꦺꦭꦤꦼꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦗꦶ꧈ ꦱꦸꦥꦪꦢꦺꦴꦃꦏꦁꦊꦭꦫ꧈ꦱꦫꦥ꧀ꦱꦮꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦱꦸꦩꦶꦔ꧀ꦏꦶꦫ꧀꧈ ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦠꦸꦏꦸꦁ꧈ꦠꦼꦠꦸꦭꦏꦶꦁꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧈ꦔꦼꦢꦺꦴꦲꦏꦺꦕꦕꦶꦁꦫꦕꦏ꧀꧉ ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦸꦁꦏꦿꦮꦁꦥꦣꦮꦼꦢꦶ꧈ꦱꦶꦠꦸꦏꦸꦁꦩꦔ꧀ꦒꦸꦁꦤꦺꦁꦔꦫ꧀ꦰ꧈ꦱꦶꦠꦸꦭꦏ꧀ꦠꦸꦫꦸꦤꦺꦁꦩꦫ꧀ꦒ꧀ꦒꦶ꧈ ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦸꦏꦼꦏꦱꦶꦲꦶꦫꦏꦶꦤꦼꦩꦺꦴꦔꦶꦁꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧈ꦥꦶꦤꦪꦸꦔꦤ꧀ꦩꦿꦶꦁꦪ꧀ꦮꦁꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧈ꦏꦶꦤꦼꦧꦸꦠꦤ꧀ꦏꦔ꧀ꦗꦼꦁꦤꦧꦶ꧉ ꦱꦼꦏꦡꦲꦶꦁꦮꦭꦏꦠꦸꦥ꧀ꦔꦸꦭꦩꦭꦤ꧀ꦥꦫꦩꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤ꧀꧈ꦄꦠꦸꦔ꧀ꦒꦸꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦗꦧꦁ꧈ꦩꦶꦭꦠꦼꦧꦶꦃꦏꦁꦱꦼꦱꦏꦶꦠ꧀ꦱꦶꦫ꧀ꦟꦭꦫꦤꦺꦱꦶꦗꦧꦁꦒ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦭꦒꦁꦒꦼꦣꦺꦱꦶꦧꦪꦶ꧉ ꦄꦤꦏꦶꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦔꦶꦱ꧀ꦩꦧꦸꦫ꧀꧈ꦄꦩꦺꦚ꧀ꦕꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦁꦱꦺꦭꦄꦫ꧀ꦢ꧀ꦢꦶ꧈ꦩꦾꦉꦁꦠꦔꦶꦱꦺꦱꦶꦗꦧꦁ꧈ ꦩꦶꦧꦼꦫ꧀ꦩꦶꦧꦼꦫꦩꦫꦤꦾꦫ꧀ꦰꦚꦸꦮꦸꦏ꧀ꦏꦔ꧀ꦊꦭꦫ꧈ꦔꦭꦶꦭꦶꦔꦫ꧀ꦰꦴꦚ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶ꧉ ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦚ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁꦥꦯꦿꦲꦶꦁꦪ꧀ꦮꦁꦮꦶꦢꦶ꧈ ꦧꦼꦫꦩ꧀ꦧꦔ꧀ꦊꦩ꧀ꦧꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈ꦠꦼꦩꦸꦠꦼꦩꦶꦤꦲꦶꦔꦠꦶ꧈ꦄꦢꦱ꧀ꦱꦶꦫ꧀ꦟꦤꦶꦔ꧀ꦊꦭꦫ꧈ꦠꦼꦫꦮꦱ꧀ꦏꦼꦭꦮꦤ꧀ꦥꦸꦗꦶ꧉ ꦩꦔ꧀ꦏꦤꦮꦶꦁꦢꦺꦴꦔꦤꦶꦥꦸꦤꦭꦲꦸꦩꦴꦢꦩ꧀ꦱꦥꦤ꧀ꦏꦲꦺꦫꦸꦲꦸꦏꦪꦠꦸꦭꦃ꧈ ꦮꦗꦶꦢꦸꦏꦔꦻꦲꦶ꧈ꦮꦔꦧꦸꦲꦸꦏꦪꦠꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦕꦼꦥ꧀ꦩꦼꦤꦼꦔꦴꦗꦤꦔꦶꦱ꧀꧉ ꦄꦔꦶꦔꦸꦮꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦧꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀ꦮꦭꦏ꧀ꦫꦺꦴꦧꦁꦮꦫ꧀ꦟꦶ꧈ ꦮꦸꦭꦸꦕꦣꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦮꦫ꧀ꦟ꧈ꦄꦧꦁꦥꦸꦠꦶꦲꦶꦫꦼꦁꦏꦸꦤꦶꦁ꧈ꦔꦼꦢꦺꦴꦲ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦒꦺꦴꦣꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦼꦚ꧀ꦕꦤꦤꦺꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧉ ꦱꦥꦡꦼꦔꦸꦏ꧀ꦡꦼꦔꦸꦏꦶꦏꦸꦤꦺꦁꦏꦺꦫꦶꦔꦺꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧈ꦄꦗꦱꦶꦩꦭꦶꦔꦔ꧀ꦒꦺꦴꦣ꧈ ꦏꦺꦴꦔ꧀ꦏꦺꦴꦤꦤꦺꦩꦭꦶꦁꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ꦄꦩ꧀ꦧꦸꦫꦸꦱꦶꦱꦫꦥ꧀ꦱꦮꦤ꧀ꦚꦸꦮꦔꦼꦤ꧀ꦩꦫꦁꦚ꧀ꦗꦼꦭꦢꦿꦶ꧉ ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦼꦫ꧀ꦟꦲꦔ꧀ꦒꦺꦴꦣꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦏꦺꦴꦥꦼꦤ꧀ꦒꦼꦠꦶꦲꦺꦱꦩꦶ꧈ꦧꦭꦸꦁꦢꦺꦤ꧀ꦏꦼꦩꦃ-ꦏꦼꦩꦃ꧉ ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦫꦥ꧀ꦱꦮꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦠꦶ꧈ꦩꦭꦶꦔꦒꦸꦤꦧꦭꦾ꧈ꦠꦸꦔ꧀ꦒꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱꦶꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧉ ꦩꦶꦗꦶꦭꦺꦩꦤꦺꦩꦤꦤꦏ꧀ꦏꦸꦗꦤꦔꦶꦱꦔꦸꦫꦒꦼꦒꦸꦪꦺꦴꦤ꧀꧈ꦱꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤꦶꦏꦶꦠꦶꦫꦤ꧀ꦏꦁꦒꦼꦣꦺ꧈ꦪꦱꦤꦶꦫꦱꦁꦪ꧀ꦮꦁꦧꦪꦸ꧉ ꦏꦸꦠꦸꦏꦸꦠꦸꦮꦭꦁꦠꦒꦱꦩꦶ꧈ꦧꦫꦼꦁꦭꦻꦫꦶꦔꦺꦴꦁ꧈ꦏꦁꦒꦸꦩꦿꦼꦩꦼꦠ꧀ꦏꦁꦏꦸꦩꦼꦭꦶꦥ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧉ ꦭꦃꦠꦸꦔ꧀ꦒꦸꦤꦼꦤ꧀ꦱꦶꦧꦪꦾꦒꦸꦭꦶꦁ꧈ꦱꦶꦫꦱꦸꦤꦺꦴꦥꦲꦶꦥꦺꦱ꧀ꦥꦺꦱꦤ꧀ꦧꦼꦫ꧀ꦏ꧀ꦏꦠꦸꦭ꧀꧉ ꧋ꦩꦼꦤꦶꦏꦏꦶꦢꦸꦁꦚꦸꦮꦸꦏ꧀ꦭꦫꦺ꧌ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀꧍꧉꧉ Kinanthi ing sekaripun, kinarya amomong siwi, yén nangis larénira, léla - lélanen lan muji, supaya doh kang lelara, sarap sawan pan sumingkir, pitik tulak pitik tukung, tetulaking jabang bayi, ngedohaké cacing racak. Lempung krawang padha wedi, si tukung manggung néng ngarsa, si tulak turu néng margi, jabang bayi puniku kekasihira kinemong ing widadari, pinayungan mring ywang sukma, kinebutan kangjeng Nabi. Sekathahing walakatup ngulama lan para mukmin, atunggu marang sira jabang, mila tebih kang sesakit sirna larané si jabang glis lagang gedhé si bayi. Ana kinjeng tangis mabur, améncok néng séla ardi, mireng tangisé si jabang, miber - miber amarani arsa nyuwuk kang lelara, ngaliling arsa anjampéni. Punika panjampénipun, godhong pasrah ing ywang widi, berambang lembah ing manah, temu teminah ing ati, adas sirnaning lelara, terawas kelawan puji. Mangkana ing donganipun alahuma adam sapan kaéruhu kayatulah, wajidu kangaihi, wangabuhu kayatullah, cep menenga aja nangis. Angingua pitik brumbun tulak walak robang warni, wulu cadhong monca warna, abang putih ireng kuning, ngedohken godha punika rencanané jabang bayi. Sapa thenguk - thenguk iku néng kéringé jabang bayi, aja si maling anggodha, kongkonané maling sekti, amburu si sarap sawan nyuwangen marang njeladri. Yén wis pernah anggodhanipun kokopen getihé sami, balung dén kemah - kemah. Yén sarap sawan wis mati, maling aguna balia, tunggunen si jabang bayi. Mijil: éman - éman anakku ja nangis angura geguyon, sun dolani kitiran kang gedhé, yasanira sang ywang bayu. Kutu - kutu walang taga sami, bareng lairingong, kang gumremet kang kumelip kabéh. Lah tunggunen si bayi aguling, sira sun opahi pés - pésan berkatul. Menika kidung nyuwuk lare budi (nangis terus). Ditulis ulang oleh Ibu Nani
Next
This is the current newest page
Previous
Next Post »

Out Of Topic Show KonversiHide Konversi Show EmoticonHide Emoticon

Tuliskan Latin di kolom bawah ini
Komentar dengan Facebook